03 November 2006

BAKDO NE wong (MUDIK)

Wong podho ubrek sesel dhiyel mung arep bali deleng wong tuWo , sanak sedulur....... ayo gagah rengkak rengkak nggotong barang menyang kampung, tanah wutah getih
Bali kesel ati kesel biaya... nanging seneng awit wis soko tradisi mulih lebaran utowo mudik. Ono sing numpak kapal mabur, sepur,mobil utowo motor lan bajay

Mugo- mugo podho lebur dosa karo sepodho-podho wong urip...... sing sak iki wis angel dilakoni.

mugo wae wong maune angkoro ibarate setan utowo iblis , mari nggone tumindak olo..... jarene simbah wong sing ngono kuwi pancen di lu-elu, ben di kategno nggone tumidak olo...

Cah bagus .. cah ayu kapan nggonmu bakal berubah nasib ... kancamu wis podo kesetanen nyembah marang setan ... sumpah palsu lan sumpah juara... pengin menang sajroning urip ing paran
ono sing njaluk marang gemak melung, simbah demit lan simbah gegumuk nganti opo wae tumbale bakal dileksanani...

EEE... Konco kapan nggonmu biso ngrasakake menowo urip iki jebulane bedo... karo naliko kowe pengin koyo dewo lan pendekar... nganti SK dibalekake lan nganggo bekingan sedulur burisrowo sing bisakake kowe dadi pejabat sing koyo petruk.. utowo opo wae ukurane rojo brono

EE.... kapan nggonmu leren mergo duwe keris , duwe ali-ali ampuh lan duwe guru soko sebrang sing bakal biso mrantasi gawe

Udan wis ora tibo.... opo rakelingan menowo awak dhewe tukang nyurung grobak, lan ngarit suket koyo wis ora ono maneh dunung suket sing ijo. Tibake nang paran mung dadi bolo dupak-an nasib diApusi wong sing duwe modal gedhe lan modal bolo....braholo

EEE konco aku mung dadi mantri klangsir sing ora uwis -uwis nasibe opo mergo kurang nggone usaha....HA...HA (ngguyu stress)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

komentar