![](http://photos1.blogger.com/blogger/1827/3971/320/boloupoto.jpg)
"Ojo namung laraning ati... laraning badan lan laraning pengangen-angen ugo tak sedyani"-ngono iku kandhane ki Adisuro.
Aku kaget mengko gek-gek wong iki ngudhar roso sing nggitep kanthi lanyah lan pas. Ateges bakal ngebaki kempeling lan orak ariking jagad.
"Lah ojo ngono" semaurku kanthi rodo judheg. Menowo kakehan ngudal sing koyo ngono bakal dadi braholo..... bubrah tur olo
Iki lakonku sing kudu tak sandang.... lan aku wis digendhingi karo-wong-wong sing edan karahinan... sing isane mung nurut wudele...
" Rak iso nunggu ,mbok menowo ... ono owah gingsiring swasono" Tak tambahi
Adhiku Di !!! .... turut dalan aku ketharak-tharak ngupadi adiling jaman...
ketharak-tharak nawakake pengarep-arep
ketharak-tharak lagi diburak wong sing ora kasinungan sarak
Aku mung bisane kelarak-larak
Walah.... siji maneh ,wong sing teko menyang pertapan.(iki pertapan klangsir...dudu pertapan pawejang). nanging iki kiro-kiro nek GUSTI KANG MOHO ADIL PARING PEPADANG wong iki opo bakal iso mangerteni kombak-kombuling swasono ing jagad iki.....????