Nanging Aku rodo trenyuh awit tonggoku naliko murud kasidan jati
aku mung biso nguntal ulu.. wong andok jisim wae ora ono enggone
saking ora duwe nggon utowo papan sing sak lumrahe wong-wong
Telung dino aku kelingan ora biso turu... ee wong atase wis tuwo... anake ora ngakoni bapake.. jroning kacintrakan mung iso arep-arep konco-konco aweh pitulung...nganti sak tiwase..
Jan aku nggitep tenan nggone ngrasake.....
Soko wong iki.... aku di critani werno-werno ... ora kliwat ugo pring podho pring
ora iso ngrasake luh ku netes menowo pamit arep bali.....
Dhuh gusti paringono pangapunten.. anggenipun konco anggelar doyo lan mersudi
anggen ngupoyo sandhang tedi sak rinten lan sak dalunipun
Dhuh Gusti dipun paringi kuat lan berkat anggen kawulo ngrasakaken
Dipun lebur sedoyo dosa-dosa nipun
Dipun tampi sedoyo amal ibadahipun
Konco iki wus cunthel telas tulis e
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
komentar