Marak Dumateng ngarsaning Gusti Allloh wanci Jumat Legi 14 Mei 2011 ,
9 Jumadil akhir 1944 tahun Be Windu Kuntoro utawi 9 Jumadil akhir 1432 Hijrah
Swargi Bapak P. Marto Hadisaputro ing Desa Semawung Purworejo, Jawa Tengah. Katur Gunging pangaksami bilih sak gesangipun almarhum wonten kalepatan dumateng Panjenengan sedoyo.
Keluarga Besar almarhum matur nuwun anggenipun paring kawigatosan, kalodangan, kinurmatan dumateng Almarhum.
Nuwun,
17 Mei 2011
09 Mei 2011
Elek diengklek-engklek
Yo wis jenenge elek iku dianggo wae
wis cukup elek iku gawanen.... di engklek-engklek ben dadi kedengklek
wong yo elek... ora-orane tetep elek
disamudono kae yo elek wong jenenge kelakuan elek
Elek anggawe sentoso.... mergo elek ngerti jenenge kelakuan becik
wis cukup elek iku gawanen.... di engklek-engklek ben dadi kedengklek
04 Mei 2011
Aku lagi trenyuh
Jan-jane podho wae wong yo pring podho pring
Nanging Aku rodo trenyuh awit tonggoku naliko murud kasidan jati
aku mung biso nguntal ulu.. wong andok jisim wae ora ono enggone
saking ora duwe nggon utowo papan sing sak lumrahe wong-wong
Telung dino aku kelingan ora biso turu... ee wong atase wis tuwo... anake ora ngakoni bapake.. jroning kacintrakan mung iso arep-arep konco-konco aweh pitulung...nganti sak tiwase..
Jan aku nggitep tenan nggone ngrasake.....
Soko wong iki.... aku di critani werno-werno ... ora kliwat ugo pring podho pring
ora iso ngrasake luh ku netes menowo pamit arep bali.....

Dhuh gusti paringono pangapunten.. anggenipun konco anggelar doyo lan mersudi
anggen ngupoyo sandhang tedi sak rinten lan sak dalunipun
Dhuh Gusti dipun paringi kuat lan berkat anggen kawulo ngrasakaken
Dipun lebur sedoyo dosa-dosa nipun
Dipun tampi sedoyo amal ibadahipun
Konco iki wus cunthel telas tulis e
Langganan:
Postingan (Atom)