Kelingan tembange BASIYO alm. nalikane isih jaman nganggo "karset" pangkur jenggleng .
KOYO NGENE RASANE DADI MURID....
DURUNG ANTUK KURSUS....
Wah ... nggranthes tenan menowo dadi bolo dupakan ... ngakehi cacah lan pangan nanging perlu ugo kanggo rame-rame penggembira. Wong jaman saiki podo ugo wong jaman biyen pokale... nek biyen rindik asu digitik saiki asune wis mlayu-mlayu selak kesusu.
Opo to sejatine bolo dupakan ? ora liyo mung dadi tumpakan ne wong sing pengecut lan wong sing ora becus dadi wong urip ..
taun ngarep pengin weruh wong-wong sing klakuane mitenah.., wong maeko..., wong sing tukang metruk .... podho tibo.... alias doot...
PIYE KABARE...? Iki wong soko pertapan klangsir kurang kopi lan gulo utowo rokok klembak...
NUWUN....
07 Desember 2006
30 November 2006
GEDIBAL KAKEHAN AKAL
Ora ngiro wong uthas-uthus jebule panjang akal koyo-koyo kentekan doyo jebule njomblo.
Uthek penjahat wis soko lair e.. ee jebule nyolong pethek nek ora glembuk... yo nyebrot..
Oalah konco .. ojo duwe akal sing nyleneh mengko keno bendu... wong sing antuk sumpahe wong liyo kuwi ora ono tambane... coba titenono
iki dudu mendhar sabdo nanging iki wis dadi angger -angger soko penguripane manungso ojo jeneng poro kelepyan kaki...... Cepet ngungak menowo pertapan klangsir iki gegambaran opo sing dumadi soko sifat lan napsu ojo siro nggelar ngombro-ombro...
Uthek penjahat wis soko lair e.. ee jebule nyolong pethek nek ora glembuk... yo nyebrot..
Oalah konco .. ojo duwe akal sing nyleneh mengko keno bendu... wong sing antuk sumpahe wong liyo kuwi ora ono tambane... coba titenono
iki dudu mendhar sabdo nanging iki wis dadi angger -angger soko penguripane manungso ojo jeneng poro kelepyan kaki...... Cepet ngungak menowo pertapan klangsir iki gegambaran opo sing dumadi soko sifat lan napsu ojo siro nggelar ngombro-ombro...
03 November 2006
BAKDO NE wong (MUDIK)
Wong podho ubrek sesel dhiyel mung arep bali deleng wong tuWo , sanak sedulur....... ayo gagah rengkak rengkak nggotong barang menyang kampung, tanah wutah getih
Bali kesel ati kesel biaya... nanging seneng awit wis soko tradisi mulih lebaran utowo mudik. Ono sing numpak kapal mabur, sepur,mobil utowo motor lan bajay
Mugo- mugo podho lebur dosa karo sepodho-podho wong urip...... sing sak iki wis angel dilakoni.
mugo wae wong maune angkoro ibarate setan utowo iblis , mari nggone tumindak olo..... jarene simbah wong sing ngono kuwi pancen di lu-elu, ben di kategno nggone tumidak olo...
Cah bagus .. cah ayu kapan nggonmu bakal berubah nasib ... kancamu wis podo kesetanen nyembah marang setan ... sumpah palsu lan sumpah juara... pengin menang sajroning urip ing paran
ono sing njaluk marang gemak melung, simbah demit lan simbah gegumuk nganti opo wae tumbale bakal dileksanani...
EEE... Konco kapan nggonmu biso ngrasakake menowo urip iki jebulane bedo... karo naliko kowe pengin koyo dewo lan pendekar... nganti SK dibalekake lan nganggo bekingan sedulur burisrowo sing bisakake kowe dadi pejabat sing koyo petruk.. utowo opo wae ukurane rojo brono
EE.... kapan nggonmu leren mergo duwe keris , duwe ali-ali ampuh lan duwe guru soko sebrang sing bakal biso mrantasi gawe
Udan wis ora tibo.... opo rakelingan menowo awak dhewe tukang nyurung grobak, lan ngarit suket koyo wis ora ono maneh dunung suket sing ijo. Tibake nang paran mung dadi bolo dupak-an nasib diApusi wong sing duwe modal gedhe lan modal bolo....braholo
EEE konco aku mung dadi mantri klangsir sing ora uwis -uwis nasibe opo mergo kurang nggone usaha....HA...HA (ngguyu stress)
10 Oktober 2006
lagi ketharak-tharak jilid I
![](http://photos1.blogger.com/blogger/1827/3971/320/boloupoto.jpg)
"Ojo namung laraning ati... laraning badan lan laraning pengangen-angen ugo tak sedyani"-ngono iku kandhane ki Adisuro.
Aku kaget mengko gek-gek wong iki ngudhar roso sing nggitep kanthi lanyah lan pas. Ateges bakal ngebaki kempeling lan orak ariking jagad.
"Lah ojo ngono" semaurku kanthi rodo judheg. Menowo kakehan ngudal sing koyo ngono bakal dadi braholo..... bubrah tur olo
Iki lakonku sing kudu tak sandang.... lan aku wis digendhingi karo-wong-wong sing edan karahinan... sing isane mung nurut wudele...
" Rak iso nunggu ,mbok menowo ... ono owah gingsiring swasono" Tak tambahi
Adhiku Di !!! .... turut dalan aku ketharak-tharak ngupadi adiling jaman...
ketharak-tharak nawakake pengarep-arep
ketharak-tharak lagi diburak wong sing ora kasinungan sarak
Aku mung bisane kelarak-larak
Walah.... siji maneh ,wong sing teko menyang pertapan.(iki pertapan klangsir...dudu pertapan pawejang). nanging iki kiro-kiro nek GUSTI KANG MOHO ADIL PARING PEPADANG wong iki opo bakal iso mangerteni kombak-kombuling swasono ing jagad iki.....????
09 Oktober 2006
NULUNG WONG ORA NGGAGAS
"Nulung wong ora duwe welas biso-biso sawijining dino wong sing ditulung iso dadi welas
Nulung wong sing ora nggagas ora bakal antuk welas opo antuk elas "
Iku tembung sing sing kedadeyan ono jagad sesrawungane ing kerajaan atas lemah. Wong sing maune ditulung... MBIYEN KOYO ENTHUNG... sak iki wis dadi rojo, ibarate idu wae dadi geni..... koyo petruk dadi ratu.... wis nganggo kathok dowo isih ugo nganggo sarung ..... Watake iwat-iwut ora mburu cukup... nanging semrawut..
Wong sing bejo jarene wong sing waspodo ... nanging wong wong sing ciloko ora dadi bejo....
sak beja-bejane wong yoiku sing antuk kabejan......
Wong sing CULIKO DADI BEJO
wong sing lagi kateman ciloko jelas ora bejo....... Ojo ketemu pak bejo nanging ketemu pak harjo tekan sak turun-turune...
Wingi ,opo suk mben ,wong bakal nemu bejo menowo wis ketemu ciloko ... iki dudu ngoyo woro... mulo gage , moco kitab "sak jroning ciloko kuwi ono kabejan".
wong podo munggah gunung nggolek panggonan sepi ,mung pengin antuk kabejan.....
Oalah!!! Ngger ndang ngertiyo urip iki ojo mbujung kabejan sing tumujune pangkat lan bondo donyo.....
- URIP IWAT-IWUT MBURU CUKUP
- ORA UBET ORA NGLIWET
- ORA CULIKO ORA BEJO
- ORA NGAPUSI DADI RUGI
- ORA BRANGASAN ORA KINURMATAN
- ORA GLEMBUK-AN ORA OLEH PANGAN
BOSEN JADI DUKUN -cerita orang
Karo lakak-lakak tak rungoke Wak Sodril crito kapok dadi dukun. jarene wong podho seneng kelakuane tapi akibate ora gelem...
Wong podho golek pengasihan, pengin entuk slewengan, nalikane konangan... eh bali maneh njaluk supoyo biso slamet-slamet wae ora ono opo-opo. Ngono ugo kanggone wong podho korupsi, podho dadi begal, kechu lan sak panunggalane lha kok nglungani/selak kelakuane antuk bebendu Gusti Sing Gawe Urip
Ora kok jaman saiki tumrape dukun wae .....malah bingung.
Contone : wong duwe omah telu, mobil loro, bojo ayu, anak lemu-lemu jarene nandhang susah opo tumon ????
Pemuda pemudi turu lan lagi melek pikirane mung cinta... terus cinta kuwi opo , opo cinta kuwi ibarate ocehane manuk ning pinggir alas opo piye.
"Wah mbuh... ra ruh.... , Nyong ora tahu dadi dukun" aku neruske ngguyu. Ning jarene wong dadi dukun kuwi kudu topo mutih ,opo topo ora turu mbah......
We durung tahu mutih to ? enak kuwi ....... kudu mutih mbah ... ora enak sing enak teko-teko dadi dukun tiban.....
TIBAN gundhulmu wong sing ora tiban wae susah..... lha nek susah ojo dadi dukun
" kadung" aku mung isone dadi dukun...
Ora to mbah dukun kuwi, jarene opo... nek boso wong pinter..., iku definisine opo ???
Pokoke yo dukun ngece wae kowe !!!
Nyong ora ngece ...lha kok bosen dadi dukun sing tak anggep nyleneh wong Nyong dhewe pengin dadi dukun...... aku wong sing butuh dukun kok !!!
Keprewe siro jare....Nyong ora sendeyo nek awakmu jebule wong pinter opo sarjono opo piye ??
(iki ules boso endi ? takono wong sing dodol balung kuwuk opo sing lagi ndolalak sarate numpak COLT)
07 Oktober 2006
Survey Gunung Ijo
cedhaking candi ijo prambanan,
sore-sore karo bocah gedhangan
sangune tape gaplek
nyangking kranjang suket
golek bentul lan gembili
durung raup opo maneh adus
ndaplang tangan golek lesus
rasane sore iku koyo cah bagus
waton-waton igir-igir gunung
mangan nongko sak nyamplung
takon lakon gangsir gunung
ketiban tresno prawan gunung !!