Karo lakak-lakak tak rungoke Wak Sodril crito kapok dadi dukun. jarene wong podho seneng kelakuane tapi akibate ora gelem...
Wong podho golek pengasihan, pengin entuk slewengan, nalikane konangan... eh bali maneh njaluk supoyo biso slamet-slamet wae ora ono opo-opo. Ngono ugo kanggone wong podho korupsi, podho dadi begal, kechu lan sak panunggalane lha kok nglungani/selak kelakuane antuk bebendu Gusti Sing Gawe Urip
Ora kok jaman saiki tumrape dukun wae .....malah bingung.
Contone : wong duwe omah telu, mobil loro, bojo ayu, anak lemu-lemu jarene nandhang susah opo tumon ????
Pemuda pemudi turu lan lagi melek pikirane mung cinta... terus cinta kuwi opo , opo cinta kuwi ibarate ocehane manuk ning pinggir alas opo piye.
"Wah mbuh... ra ruh.... , Nyong ora tahu dadi dukun" aku neruske ngguyu. Ning jarene wong dadi dukun kuwi kudu topo mutih ,opo topo ora turu mbah......
We durung tahu mutih to ? enak kuwi ....... kudu mutih mbah ... ora enak sing enak teko-teko dadi dukun tiban.....
TIBAN gundhulmu wong sing ora tiban wae susah..... lha nek susah ojo dadi dukun
" kadung" aku mung isone dadi dukun...
Ora to mbah dukun kuwi, jarene opo... nek boso wong pinter..., iku definisine opo ???
Pokoke yo dukun ngece wae kowe !!!
Nyong ora ngece ...lha kok bosen dadi dukun sing tak anggep nyleneh wong Nyong dhewe pengin dadi dukun...... aku wong sing butuh dukun kok !!!
Keprewe siro jare....Nyong ora sendeyo nek awakmu jebule wong pinter opo sarjono opo piye ??
(iki ules boso endi ? takono wong sing dodol balung kuwuk opo sing lagi ndolalak sarate numpak COLT)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
komentar