"Nulung wong ora duwe welas biso-biso sawijining dino wong sing ditulung iso dadi welas
Nulung wong sing ora nggagas ora bakal antuk welas opo antuk elas "
Iku tembung sing sing kedadeyan ono jagad sesrawungane ing kerajaan atas lemah. Wong sing maune ditulung... MBIYEN KOYO ENTHUNG... sak iki wis dadi rojo, ibarate idu wae dadi geni..... koyo petruk dadi ratu.... wis nganggo kathok dowo isih ugo nganggo sarung ..... Watake iwat-iwut ora mburu cukup... nanging semrawut..
Wong sing bejo jarene wong sing waspodo ... nanging wong wong sing ciloko ora dadi bejo....
sak beja-bejane wong yoiku sing antuk kabejan......
Wong sing CULIKO DADI BEJO
wong sing lagi kateman ciloko jelas ora bejo....... Ojo ketemu pak bejo nanging ketemu pak harjo tekan sak turun-turune...
Wingi ,opo suk mben ,wong bakal nemu bejo menowo wis ketemu ciloko ... iki dudu ngoyo woro... mulo gage , moco kitab "sak jroning ciloko kuwi ono kabejan".
wong podo munggah gunung nggolek panggonan sepi ,mung pengin antuk kabejan.....
Oalah!!! Ngger ndang ngertiyo urip iki ojo mbujung kabejan sing tumujune pangkat lan bondo donyo.....
- URIP IWAT-IWUT MBURU CUKUP
- ORA UBET ORA NGLIWET
- ORA CULIKO ORA BEJO
- ORA NGAPUSI DADI RUGI
- ORA BRANGASAN ORA KINURMATAN
- ORA GLEMBUK-AN ORA OLEH PANGAN
ditulung ora ngagas podho karo kewan nggragas utowo cluthak
BalasHapuskok mesakake temen wong sing nulung..... wah opo maneh yen nulung karepe "sopo nandur kebecikan bakal ngundhuh" dadine sopo sing nulung aduh-aduh he.. hee..